Guyonan

Desember 5, 2011

+ Pendidikanmu apa?
⁠- Hukum Pak.
⁠+ wah ora bisa ditampa neng kene.
⁠- Alasanipun Pak?
+ Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.
⁠- tapi kulo mantan diplomat lho Pak. + Tambah ora ketampa..
⁠- Lho kok ngaten pak?
⁠+ Mengko kerjamu mung rapat-rapat bae..
⁠+ Kowe nduwe omah apa ora?
⁠- Dereng…..
+ Wah kowe ora bisa ketampa neng kene.
⁠- Lho kok ngaten?
⁠+ Mengko kowe mesti ngajukna utang neng perusahaan.
⁠- Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
⁠+ Ya malah ora ketampa.
⁠- Lho kok ngaten?
⁠+ Mengko kowe kerja mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong thok.
⁠+ Kowe nduwe motor apa ora?
⁠- Mboten.
⁠+ Ora ketampa.
⁠- Lho kok mboten ketampi?
⁠+ Mengko kowe mesti njaluk bantuan kredit.
⁠- Sakjanipun gadhah, ning tasih teng kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
⁠+ Wah malah ora ketampa….
⁠- Lho kok ngaten?
⁠+ Tempat parkire wis ora cukup..
⁠+ Kowe wis lulus sarjana temenan?
⁠- Sampun Pak….
⁠+ Ora ketampa. Neng kene nggolete sing SMA bae, lewih manutan, mbayare murah.
⁠- Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
⁠+ Malah ora ketampa…… .
⁠- Lho kados pundi to?
⁠+ Mengko kowe kerjane mung ngetik skripsi, nek wis lulus mesti nggolet kerja neng perusahaan liya. + Kowe waras apa ora?
⁠- Lha, kulo nggih waras to Pak.
+ Ora ketampa.
⁠- Kenging nopo?
⁠+ Mengko kowe mesti ora betah neng kene.
⁠- Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
⁠+ Malah ra ketampa.
⁠- Pripun to niki?
⁠+ Mengko aku duwe saingan.
⁠- WAAAAAAAAAAAAAAAA!!!!!

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.